Oleh: Zakaria Al-Falahuts-tsani
Tujuan:
1. Agar
mengenal Islam sebagai Agama Rahmatan lil ‘alamin.
2.
Islam mempertahankan harkat martabat
manusia dalam konteks kebinekaan Agama, suku dan ras.
3. Meningkatkan
pemahaman dan kesadaran sosial sesuai dengan tuntunan syara’ yang berarti
menghindari sikap egois.
السلام
عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد
لله الذي خلق الناس ذكرا و انثي، وجعلنا شعوبا وقبائل، والصلاة والسلام علي النبي
المصطفي، وآله وصحبه ومن اتبعهم وهدي، اما
بعد : فاتقواالله واقول لا حول ولا قوة الا بالله
Agami nganjuraken supados manungsa setunggal lan
setunggalipun sami ta’aruf utawi sami kenal, tetepungan lan mangertosi kanthi
sakleres-leresipun , amargi Gusti Allah sampun ngendika wonten ing Kitab Suci
Al-Qur’an ingkang basa jawinipun makaten :
"He manungsa, saktemene Ingsung (Allah) wus nitahake sira kabeh , ana lanang ana
wadon, lan andadeake sira kabeh beda-beda bangsa lan kabilah-kabilahe supaya
sira kabeh bisa padha kenal siji lan sisjine. Saktemene sing paling mulya ing
antarane sira kabeh ya wong sing paling wedi marang Ingsun . Saktemene Gusti
Allah iku Maha Ngudaneni lan Waspada”.
QS Al Hujurat : ayat 13
QS Al Hujurat : ayat 13
Artosipun bilih manungsa ingkang zoon politicon utawi dados makhluk sosial punika kedah anggadhahi pangertosan ingkang
murwat , bilih manungsa punika boten saged gesang piyambakan, mila ampun ngantos
namung mikiraken kangge kabetahanipun piyambak, balik kedah menggalihaken
kabetahanipun tiyang kathah.
Saged katampi nggih ?
Namun punapa kasunyatan sampun saged kita laksanaaken dhawuh Pangeran makaten punika ?
Ngemuti bilih Gusti Allah anggenipun damel manungsa punika dipun paringi fasilitas “nafsu” ingkang andamel manungsa dados lacut ( fujur ), ugi maringi “manah” (qolbu) ingkang andamel manungsa saged taqwa.

Dhawuhipun wonten surah Asy-Syams ayat 8
:
“ Mila
Allah paring ilham dateng “nafsu”manungsa mergi lacut (fujur) lan taqwa ”
QS Asy-Syams : ayat 8.
QS Asy-Syams : ayat 8.
Manungsa saged kados kewan, utawi malah
langkung awon malih menawi anggenipun mlampah wonten alam padhang punika
namung angginaaken “nafsu” kemawon. Anamung manungsa ugi saged kados “malaikat”
ingkang tansah tundhuk lan taat dateng dhawuh Pangeran ateges “taqwa” , amargi
manungsa pinaringan “manah” (qolbu) lan ugi pinaringan “akal” ingkang kanthi
peparing kalawau manungsa saged mangertosi pundi dhawuh ingkang kedah kalampahi
lan pundi awisan ingkang kedah pun tebihi.
Problem solving manungsa nalika
setunggal wekdal manggihaken arta atusan ewu ingkang dhawah wonten margi,
kinten-kinten kados pundi ???
Punapa lajeng ngucap : “ Wah, iki
lumayan, kena kanggo bada…………………………………..”,
utawi
utawi
“Ya Allah , Panjenengan andhawuhi kula
supados ngibadah dateng Panjenengan amadosi sinten ingkang kecalan arta punika.
Inggih sendika dhawuh badhe kula padosi”
Kula nyondro menawi ing antawis kita,
inggih kados awak kula piyambak lan manungsa sanes ingkang kados kula punika
wonten 90% milih ingkang nomer setunggal , wah lumayan…… leres ?
Kepingin andarbeni arta kalawau senadyan punika arta cetha dede gadahan kita. Punika bukti nyata bilih manungsa punika langkung caket kaliyan "fujur" utawi lacutipun katimbang "taqwa:"-nipun. Allah piyambak sampun angendika wonten Asy-Syams ayat 8 kalawau. Namun kula ugi yakin taksih wonten ingkang anggadahi pemanggih bilih arta kalawau kedah dipun wangsulaken dateng ingkang andarbeni , senadyan namung 10% taksih wonten .

Conto kasus ingkang sanes, wonten
kecelakaan lalu lintas , sepeda motor dhawah utawi tabrakan, kathah kok ingkang cepet-cepet aweh pitulungan utawi lajeng ethok-ethok
nulung , tapi malah mendhet sedaya isi dompet , hp, laptop, lan sak
pinunggalanipun ingkang berharga.
Wonten ? Tiyangipun inggih rawuh ?
Wonten ? Tiyangipun inggih rawuh ?
Inikah manusia Indonesia ? Tidak !
Kedahipun boten makaten, amargi kita
bangsa Indonesia ingkang merdika sampun 67 tahun punika anggadhahi paugeran UUD
1945 , Pancasila lan “Bhineka Tunggal Ika” , temtu boten badhe anggadhahi watak
wantuning pandung anamung kedah anggadhahi watakipun satria ingkang tansah
mikiraken tiyang sanes katimbang kabetahan pribadinipun.
Mila inggih namung jalma manungsa
makaten ingkang pantes gesang wonten ing bumi NKRI punika, Allahu Akbar !
Merdeka !
Gusti Allah dhawuh wonten ayat
candhakipun :
“Bener-bener
bekja wongkang wus bisa nyuceake nafsune dhewe”
QS Asy-Syams ayat 9.
QS Asy-Syams ayat 9.
Allah anggenipun anggula wentah manungsa
supados saged dados mulya kanthi amaringi piwucal sae kangge manungsa , inggih
punika ampun ngantos namung menangaken nafsunipun piyambak , anamung nafsu
dipun siyasati ampun ngantos kita katunggangan nafsu . Kados syare’at shiyam
Ramadhan, anggula wentah manungsa ingkang anggadhahi iman saged ngraosaken luwe
lan ngelkipun tiyang miskin, syare’aat zakatul fithri andamel manungsa ngertos
kabetahan dhahar lan ngunjukipun tiyang miskin, 2,7 kg wos .
Syare’at
Agami Islam, silaturrahim andamel manungsa kedah membaur wonten ing masyarakat
, mangertosi kekirangan tiyang sanes lajeng wonten raos welas, lan saterasipun,
ngantos sedaya manungsa ingkang mukmin anggadhahi sifat welas asih, sregep
ambagi panganan, bayar zakat, sedekah, infak …………………………….lan
sakpinunggalanipun. Agami Islam leres-leres agami rahmatan lil ‘alamin .
Bayangaken, wonten werni katagori zakat miderek kadaripun :
Sepindah : ingkang naming 2,5% ,
dipundut saking gaji / bayaran setahun sepindah
Kaping kalih : 10% , dipundut saking
sedaya pedamel ( kalebet PNS ) nalika nampi komisi anggenipun nyambut damel
utawi gaji ke-13, lan saking zakat profesi kados anggota DPR/dokter/lll.
Kaping tiga : 20% , nalika nampi hadiah , sami kados
anggenipun nampi harta rikaz / ma’din
Seandainya, mugi-mugi estu-estu bibar adicara puniki kita
sedaya saged anglampahi syare’at agami kanthi leres
Jumlah PNS ing Indonesia wonten
4.732.472 tiyang ( data per 30 Juni 2010 dari Badan Kepegawaian Negara ) , lamun
ingkang 90% ingkang Muslim sampun sadar zakat, saking total gaji PNS 215,7 trilyun ( kaserat Rp. 215.700.000.000.000,- ) , mangke badhe
kempal arta zakat saking 2,5%-nipun, inggih Rp. 48.532.500.000.000,- / tahun 2012 .
Data saking Badan Pusat Statistik ( BPS
) penduduk Indonesia tahun 2010 kacacah 237.556.363 tiyang, ingkang kagolong
miskin 11%-nipun 26.131.199, mila ingkang saged katampi dening warga miskin
kangge tahun 2012 @ Rp 1.865.384,-.
Subhanallaah……………………………………..
Punika anggenipun ambageaken boten
milih-milih tiyang, anamung sedaya warga Indonesia , Muslim utawi sanes Muslim ingkang pantes nampi paweweh
tiyang sanes.
Wonten Kabupaten Purworejo PNS kathahipun 11.985 tiyang, ingkang saking guru 7.435, saking 469 Desa sampun kalebet dados PNS 324 Sek Des, mila pitados menawi Purworejo mlebet salah satunggal saking 16 kabupaten ingkang 70% arta pemerintah kangge ambayari gaji pegawai.
Jumlah penduduk ing Kabupaten Purworejo 694.404 jiwa, ingkang kalebet maskin (masyarakat miskin ) wonten 215.265 jiwa. APBD tahun 2011 800 milyard sampun kasedot 70% kangge ambayar PNS 560 milyard, menawi zakatipun 2,5% saking 560 milyard kaparingaken 215.265 tiyang miskin , saben tiyang setunggal namung nampi Rp. 65.000,-, sakedik sanget......................................???
Wonten punapa ?
Taksih kathah warga Purworejo ingkang boten perwira, sejatosipun gadhah namun ngaken miskin, sami nyuwun SKTM , rebat Raskin
Saking sektor pertanian, Musim Tanam sepindah ing tahun 2012 saged ngedalaken gabah garing 218.085 ton, zakatipun 10% 21.808.500 kg kabagi 215.265 jiwa , saben tiyang setunggal nampi 10,5 kg gabah, ateges setunggal tahun panen kaping kalih nampi 21 kg gabah.
Lah, menawi zakat ingkang 20% dipun wedalaken, kados pundi kawontenanipun ?
Gesang punika bade dados endah, amargi masyarakatipun guyup-rukun, ingkang sugih sami loman, tansaya dangu ingkang fekir tansaya sekedik lan telas mangkenipun.
Mboten bade kalampah kados APBD Purworejo 2011 ingkang ngantos devisit 52 milyard.
Baldatun Thoyyibatun wa Robbun Ghofur,
Allahu Akbar

Wa qul Robbighfir warham wa Anta Khoirurrohimin.
Wassalaamu 'alaikum wr.wb.